Kamis, 05 April 2012

II.Huruf ba` lafad bismillah


Huruf ba` lafad bismillah, ndudohake sifat sejati, anane alam wahdah. 
 Sejatine sifat di arani sejatine Muhammad utowo nur Muhammad isih sinimpen ing ndalem dzatullah, mulo kenek di arani hakikate muhammadiyah.

 Sebape uripe Muhammad isih sinimpen sakjroning wujude ALLAH. 
Sejatine muhammadiyah iku naliko Muhammad isih ghaib lan urip isih sinimpen sak njerone  utowo ing ndalem dzatullah.
 Ringkese : -alam wahdah iku sinimpen ing alam ahadiyah, -badan Muhammad sinimpen ing dzatullah, -nur Muhammad sinimpen ing nurullah, nuruloh isih sinimpen ing ndalem dzat. 

  Yo …. Muhammad iku sing di arani nurullah (ndak iso nom, lan ndak iso tuwek) yo keno di arani ALLAH, kang dadi suwijine sakabehe alam sak isine. 
Intine : alif lafad bismillah iku dadi uripe.
 Ba` lafad bismillah iku dadi ragane utowo adahe utowo wadah. Mulo iku, kumpule sejatine nurullah lan sejatine nur Muhammad di arani : koyo kumpule lanang sejati lan wadon sejati utowo kumpule bapak karo ibuk terus kumpule nurullah karo nur Muhammad di arani nur mangan nur utowo nur tilik nur.

 Nur Muhammad iku dadi ibu,e alam sak isine. Nurullah iku dadi bapak e yo lanang sejati sing nggowo wineh utowo calon wineh.
 Dawuhe ALLAH wonten al qur`an : yang artinya dalam bahasa Indonesia “cahaya di atas cahaya (berlapis-lapis) ALLAH membimbing kepada cahayaNya, siapa yang Dia kehendaki dan ALLAH membuat perumpamaan-perumpamaan bagi manusia dan ALLAH maha mengetahui segala sesuatu.”QS. NUR:35 
Nur mangan nur maksute : ALLAH nuduhake yen sejatine ALLAH nyatakake nurullah. Lha piye 

pembuktiane utowo lek nyatak ake kanggone awake dewe, melek o mata atimu kanthi jelas, padang lan nggenah!!

Minggu, 01 April 2012

PEMAHAMAN LAFAD BISMILLAH



    Lafad Bismillah jadi permulaan sak kabehe kitab, pekerjaan dan seterusnya.
 Sopo wae kang gelem mahami  utowo ngerti lafad Bismillah bakal ngerti alam sak isine, wite ilmu, pang carange ilmu, kembange ilmu, wohe ilmu, godonge ilmu, faedahe ilmu, lungguhe ilmu lan pathokane ilmu.

Setiap huruf lafad Bismillah iku ono rahasia tentang alam, ngalam, ghoib, lan awal ugo akhir, ono-ora ono, nyoto ono anane. 
Dadi durung sampurno lakon opo wae yen durung ngerti tentang lafad Bismillah.

 Sebab durung ngerti babar pisan. Yen nganti ora ngerti, ora usah ngamale mungguhe Gusti ALLAH.
 Ibarat tobat nggae cara lahir opo batin yo bakal ora ketrimo  deneng Gusti ALLAH krono ora ngerti kang di tobati. 

Opo kabeh mau, wis kok anggep pas nurut karepmu, pokok iling karo Gusti yo wis… pokok sholat yo wis pas, kok anggep manembah marang Gusti ALLAH, pokoke langsung nyembah Gusti ALLAH  wis cukup… … … kuwi mau, kabeh nurut  karepmu dewe  mungguhmu dewe, dudu mungguhe Gusti ALLAH, lek mungguhe Gusti iki, kudune Eling, carane Eling kepriye?... 

  • ·         Kudu ngerti sing kok Elingi Sopo?
  • ·         Sing iling marang Gusti ki yo sopo?
  • ·         Iling sing coro piye, sing kok gae?
  • ·         Lungguhe iling ki piye?
  • ·         Carane iling ki yo piye?

Dadi yo ngono kuwi kudu di ngerteni sak kabehe ojo mek sokor eling, pokok muni ALLAH yo wis! ora ngono lho……..!! lek wes ngerti cara-carane bakal teko nggon dongomu lan taubatmu. 

Tak ada kebahagiaan di dunia ini yang abadi, yang ada hanya rasa terpaksa kita melakukan apa-apa, sebab semua di dasari nafsu apalagi membahas tentang nafsu duniawi, yang penuh keinginan-keinginan, tentang harta, pangkat, wanita, semua sifatnya hanya sementara dan dapat menjerumuskan dalam jurang kehidupan, juga dapat menjadikan diri serakah, kejam, dan lupa pada sifat asalmu.

Enggalo cepet bali marang roso eling, eling marang gustimu, eling marang balimu mumpung isih di wenehi wektu! ojo muk gunakne sing ngakibatne nyasar uripmu ing tembene.

I.Huruf aLIF lafad bismillah “alif lafad bismillah=alif akadiyah (alif dzatulwakhid) , alif iki nuduhake anane ALLAH isih ghoib, isih wujud mutlaq, mergo wujud dewe, ora ono kang mujudne, isih urip dewe, awal tanpo kawitan, akhir tanpo pungkasan, alif iki ugo nuduhake dzat sejati maksute urong ono sifat (sifatulloh) dadi isih dzat jalal yo mung ALLAH bloko.

 naliko iku ALLAH suwiji, tanpo ono kang banding, ora ono liyo-liyone kejobo ALLAH dewe. 
 yo….ALLAH iku kang nduweni urip tunggal karo kang nguripi. 
Alif lafad bismillah utowo alif dzatulwakhid iki di arani : “banyu nur alif” utowo “banyu urip sejati”, ugo di arani “banyu panguripan” utowo segorone urip, wujude ono kambil ijo (urip tunggal) urip sing tan kenaning pati. 

Karo pati tanpo pisah yo tanpo kumpul… kerso ndadekake alam sak isine naliko iku di arani lata`yun. Sifate jalal. Ing surat iklas…”khul huallahu ahad”. 

Maksute : dawuhono Muhammad umatmu kabeh  yen saktemene ALLAH ta`ala naliko durung kerso ndadekake alam sak isine isih ujud tunggal, urip tunggal, roso tunggal lan sifat jalal, 


Rabu, 07 Maret 2012

Selamatan Manggulan

Diadakannya selamatan manggulan untuk membangkitkan kekuatan-diva pada diri dan merpersatukannya dalam ikatan cinta


Selasa, 07 Februari 2012

Ekrale Wong Slametan Kemantenan Nyiram Tuwuh Nyambung Tuwuh

Assalamualaikum warohmatullohi wabarokah nuwun sewu dumateng panjenengan seduoyo poro rawuh ingkang dahad kinurmatan, kulo minongko sesulihipun bapak ingkang kagungan damel acoro meniko. sakderengipun matur kulo nyuwun sih agunging samudro pangaksami, dene panjenengan seduoyo wonten dangang penggalih lan longgare wekdal minangkani undanganipun bapak...ingkang kagungan damel meniko, pramilo panjenengan seduoyo kasuwun rawuh wonten papan pirantosanipun bapak ...ingkang gadah damel meniko, ing mriki sakperlu ingkang sepuh dipun suwuni tambahing berkahipun, ingkang nem dipun suwuni puji rahayunipun. menopo ingkang dados kajatipun, kulo namong sadermo ngaturaken dumateng panjenengan seduoyo. bapak...inkang kagungan damel sakkeluargo angrakit sekul suci soho ulam lembaran sari asale saking sarine bumi sedoyo asahan meniko sak perlu  kanggo  sarono caos kurmat sepindah dateng gusti ingkang moho kuwaos, kaping kalihipun dumateng kanjeng nabi Mumammad solalohu alaihi wasalam sumrambahipun dumateng kanjeng nabi rosul sak garwo putro sokhabat sekawan abu bakar umar usman ali, pramilo dipunkurmati pinaringono ma`sul lan wangsulan dumateng roh jasadipun bapak...inkang kagungan damel, mugi-mugi pinaringono iman ingkang suci iman tetep langgeng lan pinaringono pangayoman kasembadannono penjangkanipun katurutono karepipun kabul panuwunipun kalis panggodo rencono tumapakipun  dinten...meniko nggih? meniko bapak... mulih metri anjemu`aken putrinipun ingkang nami ....angsal.... putranipun bapak .... saking dusun... pramilo dipun jemukaken dinten....ing wulan... dayanipun dinten sasi taun windu manjingo roh jasadipun manten kekalih. sekul punar mulih metri jemu`ipun adam lan hawa. sekul punar mulih metri jemu`ipun manten kekalih. buceng jejeg mulih metri akal bakal cikal bakal ingkang mbakali dusun ...ugi mulih metri manten kekalih sageto atut runtut kados mimi lan mintun ugi mulih metri dumateng keluarganipun bapak manten kakung ugi mulih metri dateng keluarganipun bapak manten putri . seduoyo sageto widodo  lir ing sambekolo. wiwit dinten meniko salajengipun kanthi paseksen panjenengan seduoyo ingkang sami katuran. sekul brok mulih metri dateng poro sesepuh kadang sesepuh lan sanes sanesipun. ugi mulih metri dateng bumi ingkang dipun trepi griyo kanggo kemantenan sageto amanggiho rahayu wilujeng wiwit dinten meniko salajengipun kanthi paseksen panjenengan seduoyo nggih ingkang sami katuran, sekul golong mulih metri dateng poro walimanten menopo ingkang dipun gayuh nganggo anteping tekad golong giliging poncodriyo tegesipun. menopo ingkang dipun gayuh sageto  inggal saget kaleksanan, sampun dumawah nambahono teguh rahayunipun manten kekalih. jajan pasar mulih metri dateng dinten pitu pekenan gangsal wuku tigangdoso sasirolas taun-taun wolu windu sekawan. keleman polo pendem polo kesandung polo kesampar polo gemandul inggih meniko perlambangipun manten kekalih ingkang mboten kanyono-nyono utawi ingkang mboten kasongko-songko bener lan luput ingkang dipun sandang siang-dalu ingkang dipun ngerteni utawi ingkang mboten dipun ngerteni. pramilo dipun petri paringono ma`sul lan wangsulan dumateng manten kekalih sageto angsal pinayung-payungipun gusti ingkang moho kuwaos rahayu wilujeng wiwit dinten meniko sakterusipun kanti paseksen panjenengan seduoyo ingkang sami katuran. inggih meniko ingkang dipun arani nyiram tuwuh-nyambung tuwuh ngaweruhi dulur papat limo pancer enem badan pitu nyowo wolu sukmo songo ingkang ngungkul-ngungkuli kaki among nini among angemongi roh jasadipun manten kekaleh mugi-mugi angsal kanugrahanipun gusti ingkang moho kuwaos rahayu wilujeng kanti paseksen panjenengan seduoyo ingkang sami katuran. cekap semanten kemawon atur kulo bokbilih wonten kekiranganipun utawi lepatipun anggen kulo ngekralake mugi gusti ALLAH maringono ngapunten lan  ngijabahono menopo ingkang dados kajadipun pak...ingkang kagungan damel meniko, akhirulkalambilahiltaufik wal hidayah wasalamualaikum warohmatulohi wabarokatuh
  Read more: http://ahmadbjblogs.blogspot.com/2012/08/alquran-online.html#ixzz2hnrb9LGI