Selasa, 07 Februari 2012

Ekrale Wong Slametan Kemantenan Nyiram Tuwuh Nyambung Tuwuh

Assalamualaikum warohmatullohi wabarokah nuwun sewu dumateng panjenengan seduoyo poro rawuh ingkang dahad kinurmatan, kulo minongko sesulihipun bapak ingkang kagungan damel acoro meniko. sakderengipun matur kulo nyuwun sih agunging samudro pangaksami, dene panjenengan seduoyo wonten dangang penggalih lan longgare wekdal minangkani undanganipun bapak...ingkang kagungan damel meniko, pramilo panjenengan seduoyo kasuwun rawuh wonten papan pirantosanipun bapak ...ingkang gadah damel meniko, ing mriki sakperlu ingkang sepuh dipun suwuni tambahing berkahipun, ingkang nem dipun suwuni puji rahayunipun. menopo ingkang dados kajatipun, kulo namong sadermo ngaturaken dumateng panjenengan seduoyo. bapak...inkang kagungan damel sakkeluargo angrakit sekul suci soho ulam lembaran sari asale saking sarine bumi sedoyo asahan meniko sak perlu  kanggo  sarono caos kurmat sepindah dateng gusti ingkang moho kuwaos, kaping kalihipun dumateng kanjeng nabi Mumammad solalohu alaihi wasalam sumrambahipun dumateng kanjeng nabi rosul sak garwo putro sokhabat sekawan abu bakar umar usman ali, pramilo dipunkurmati pinaringono ma`sul lan wangsulan dumateng roh jasadipun bapak...inkang kagungan damel, mugi-mugi pinaringono iman ingkang suci iman tetep langgeng lan pinaringono pangayoman kasembadannono penjangkanipun katurutono karepipun kabul panuwunipun kalis panggodo rencono tumapakipun  dinten...meniko nggih? meniko bapak... mulih metri anjemu`aken putrinipun ingkang nami ....angsal.... putranipun bapak .... saking dusun... pramilo dipun jemukaken dinten....ing wulan... dayanipun dinten sasi taun windu manjingo roh jasadipun manten kekalih. sekul punar mulih metri jemu`ipun adam lan hawa. sekul punar mulih metri jemu`ipun manten kekalih. buceng jejeg mulih metri akal bakal cikal bakal ingkang mbakali dusun ...ugi mulih metri manten kekalih sageto atut runtut kados mimi lan mintun ugi mulih metri dumateng keluarganipun bapak manten kakung ugi mulih metri dateng keluarganipun bapak manten putri . seduoyo sageto widodo  lir ing sambekolo. wiwit dinten meniko salajengipun kanthi paseksen panjenengan seduoyo ingkang sami katuran. sekul brok mulih metri dateng poro sesepuh kadang sesepuh lan sanes sanesipun. ugi mulih metri dateng bumi ingkang dipun trepi griyo kanggo kemantenan sageto amanggiho rahayu wilujeng wiwit dinten meniko salajengipun kanthi paseksen panjenengan seduoyo nggih ingkang sami katuran, sekul golong mulih metri dateng poro walimanten menopo ingkang dipun gayuh nganggo anteping tekad golong giliging poncodriyo tegesipun. menopo ingkang dipun gayuh sageto  inggal saget kaleksanan, sampun dumawah nambahono teguh rahayunipun manten kekalih. jajan pasar mulih metri dateng dinten pitu pekenan gangsal wuku tigangdoso sasirolas taun-taun wolu windu sekawan. keleman polo pendem polo kesandung polo kesampar polo gemandul inggih meniko perlambangipun manten kekalih ingkang mboten kanyono-nyono utawi ingkang mboten kasongko-songko bener lan luput ingkang dipun sandang siang-dalu ingkang dipun ngerteni utawi ingkang mboten dipun ngerteni. pramilo dipun petri paringono ma`sul lan wangsulan dumateng manten kekalih sageto angsal pinayung-payungipun gusti ingkang moho kuwaos rahayu wilujeng wiwit dinten meniko sakterusipun kanti paseksen panjenengan seduoyo ingkang sami katuran. inggih meniko ingkang dipun arani nyiram tuwuh-nyambung tuwuh ngaweruhi dulur papat limo pancer enem badan pitu nyowo wolu sukmo songo ingkang ngungkul-ngungkuli kaki among nini among angemongi roh jasadipun manten kekaleh mugi-mugi angsal kanugrahanipun gusti ingkang moho kuwaos rahayu wilujeng kanti paseksen panjenengan seduoyo ingkang sami katuran. cekap semanten kemawon atur kulo bokbilih wonten kekiranganipun utawi lepatipun anggen kulo ngekralake mugi gusti ALLAH maringono ngapunten lan  ngijabahono menopo ingkang dados kajadipun pak...ingkang kagungan damel meniko, akhirulkalambilahiltaufik wal hidayah wasalamualaikum warohmatulohi wabarokatuh

0 komentar:

Posting Komentar

Tolong tinggalkan pesan

  Read more: http://ahmadbjblogs.blogspot.com/2012/08/alquran-online.html#ixzz2hnrb9LGI