Jumat, 11 November 2011

ASAL USULE DINO

*      Dino iku seng pertama enek kemis, karo senin, nduwe anak sabtu terus kemis rabi karo minggu nduwe anak rabo, asal usule minggu soko bongsone midodari mudun soko langit, terus kemis jik ndak trimo munggah nek kayangan ngrabi midodari kanga aran  pasung ndari – iki putri sing asale soko pasunge nogo lan gowo anak gawan kang aran anggoro kasih (seloso kliwon) terus sakrehne bojone kemis ditinggali ngembara suwe banget akhire si sabtu guyon-guyon karo si minggu, tresno jalaran soko kulino minggu di keloni karo sabtu (tumpak dite) nduwe anak jum`at.
Kamis akhire minggat, kabeh bubaran, karek dewi pasung ndari, jarak pirang dino dewi pasung ndari mati.
Akhire podo teko…mlumpuk terus si kemis nakoni: 

*      Seloso : pasung ndari matine wis pirang dino?...jawabe wes telung dino, uripe seloso = 3

*      Si Senen jawabe wis 4 dino, uripe senen = 4

*      Si Minggu jawabe wis 5 dino, uripe minggu = 5

*      Si Jum`at jawabe wis 6 dino, uripe jum`at = 6

*      Si Rabo ngertine wis 7 dino, ndadekne uripe = 7

*      Si Kemis ngertine wis 8 dino, nilaine kemis = 8

*      Si Sabtu jawabe wis 9 dino, nilaine sabtu = 9.

*      Lek ngono aku soko tekaku iki mau kanggo nggenepi ayo sak iki dewi pasung ndari di makamne lor kulon.

Kiblat lor-kulon iku karo aliran kejawen didadekne papan sing sangar lan dino sing jarang wong wani nglanggar ing dino iku mau, opo maneh pas acara mantenan.


Senin, 07 November 2011

DUMADINE KIBLAT 4 LIMO PANCER



                    “Sak durunge ono kiblat 4, limo pancer opo kang ono?sing ono mung  Hu “
(hu=kuat) urip kang wekasan mrentahne sastro jendro rahayu ningrat, metu disuk, rahayu ningrat takon marang sastro jendro, piye kahanane ing ngarco podo, Jawabe:komplit,bumi,langit sak isine
Rahayu ningrat ngomong lek ngono, ayo siap-siap kawitono alon-alon!terus adi ari-ari takon karosastro jendro:lhaa..ngopo kang, kok kawitono alon-alon?
Jawabe:sebabe lekase soko WETAN terus NGUlON (ndadekne kibat etan lan KULON)CARANE PIYE=rehne aku yo metune:ki udul(dadine kiblat kidul)terus ndedel-modot-molor, akhire soyo suwe kok ndak betah, wis sak iki dedelan sing kuat(Hu.Wat/Uwat)-molor-(dadekne kiblat lor)terus lek ngono di pasne ancere sing kenceng (dadine pancer).
 Ringkase:
-          Kawitono           dadine kiblat etan.    dulur sing enek ndek wetan.
-          Alon-alon          dadine kiblat kulon.  dulur sing enek ndek kulon.
-          Ki udul                dadine kiblat kidul.    dulur sing enek ndek kidul.
-          Molor                  dadine kiblat lor.        dulur sing enek ndek lor.
-          Ancere                dadine  pancer.           maujud awake dewe.

*      Dadi asal usule kiblat mau soko prosese wong arep nglahirne sampai metune si bayi
Iki yo bagian soko  sangkan paran dadi umpomo durung tahu ngerti  yo iki asal mulane kiblat papat limo pancer. (satro jendro hayuningrat)


  Read more: http://ahmadbjblogs.blogspot.com/2012/08/alquran-online.html#ixzz2hnrb9LGI