Jumat, 11 November 2011

ASAL USULE DINO

*      Dino iku seng pertama enek kemis, karo senin, nduwe anak sabtu terus kemis rabi karo minggu nduwe anak rabo, asal usule minggu soko bongsone midodari mudun soko langit, terus kemis jik ndak trimo munggah nek kayangan ngrabi midodari kanga aran  pasung ndari – iki putri sing asale soko pasunge nogo lan gowo anak gawan kang aran anggoro kasih (seloso kliwon) terus sakrehne bojone kemis ditinggali ngembara suwe banget akhire si sabtu guyon-guyon karo si minggu, tresno jalaran soko kulino minggu di keloni karo sabtu (tumpak dite) nduwe anak jum`at.
Kamis akhire minggat, kabeh bubaran, karek dewi pasung ndari, jarak pirang dino dewi pasung ndari mati.
Akhire podo teko…mlumpuk terus si kemis nakoni: 

*      Seloso : pasung ndari matine wis pirang dino?...jawabe wes telung dino, uripe seloso = 3

*      Si Senen jawabe wis 4 dino, uripe senen = 4

*      Si Minggu jawabe wis 5 dino, uripe minggu = 5

*      Si Jum`at jawabe wis 6 dino, uripe jum`at = 6

*      Si Rabo ngertine wis 7 dino, ndadekne uripe = 7

*      Si Kemis ngertine wis 8 dino, nilaine kemis = 8

*      Si Sabtu jawabe wis 9 dino, nilaine sabtu = 9.

*      Lek ngono aku soko tekaku iki mau kanggo nggenepi ayo sak iki dewi pasung ndari di makamne lor kulon.

Kiblat lor-kulon iku karo aliran kejawen didadekne papan sing sangar lan dino sing jarang wong wani nglanggar ing dino iku mau, opo maneh pas acara mantenan.


0 komentar:

Posting Komentar

Tolong tinggalkan pesan

  Read more: http://ahmadbjblogs.blogspot.com/2012/08/alquran-online.html#ixzz2hnrb9LGI