Jumat, 18 November 2011

ANGEN - ANGEN

Angen-angen ing kene, gampange tembung di arani racutane sak kabehe , koyoto: cipto, grenjet, nyut, karep, gagasan, pikiran, nafsu, pepinginan. Senajano angen-angen iku yo “Bendoro”. SARTO GEDE DOYO PANGUASANE, mungguhe lahir. Lek mungguhe illahi utowo sing haq angen-angen kuwi dadi Pesuruh utowo aluse Roso, yo dadi tunggangane manungso sejati. Angen-angen iki yo nduwe doyo, kadang yo ngawur, sak karepe dewe ndak manut manungso sejati.
Angen-angen dadi cahyane ponco indriyo. Cahyane ponco indriyo dadi siji jenenge leng-leng. Leng-lenge cahyane ponco indriyo dadine”ngen-ngen utowo angen-angen cahyane ponco indriyo dadine Sukmo”

Dadi opo bedane; ROH, SUKMO, NYOWO, ARWAH.

*      ROH/RUH : Urip. Urip asal soko Gust wis metu soko asale Urip jenenge Roh.

*      SUKMO     : Cahyane Urip, Sing dadi atine ponco indriyo.

*      NYOWO    : Si Urip

*      ARWAH     : Urip sing wis nek papan asale.
Yo mengkono kuwi, kudune iso mbedakne siji lan sijine, ben ndak salah ngucap, salah ndongakne…Angen-angen iku yo iso dadi pesuruhe nafsu papat. Angen-angen iku kawengku karo manungso sejati lan angen-angen iku kang nguasani jasad Roh Hewani.


Selasa, 15 November 2011

PLAWANGANE / DALANE NAFSU PAPAT


   Kang diarani dalane nafsu papat iku:
Panggondo (irung), pangrungu (kuping), pangucap (lesan), panyawang (netro) iku mau kabeh soko Gusti, yo pecahane lafadz MUHAMMAD:

Ringkese:
*      Lesan/cangkem soko “mim” awal lafadz Muhammad. Sifate jalal artine kuwoso Penggaweane : ndadekne slamet lan apese sing nggunakne. Gunane kanggo: ngomong, mangan. Dadi dalane ALUAMAH

*      Mata/netro soko “kha” lafadz Muhammad. Sifate khohar artine murbowaseso. Penggaweane: kanggo nyatakne opo-opo kang di sawang. Gunane kanggo: nyawang – nafsune SUPIYAH.

*      Irung/grono soko “mim” akhir lafadz Muhammad. Sifate jamal artine pantes. Penggaweane: kanggo nyatakne gondo, Gunane kangge: ambegkan, irung dadi plawangane nafsu MUTMAINAH.

*      Kuping SOKO “dzal” lafad Muhammad. Sifate kamal artine sempurno, Penggaweane: Enom lan tuwone Adam. Gunane kanggo: ngrungokne suoro, dadi plawangane nafsu AMARAH.

Sak kabehe iku mau dadi sifat mokhal, yo dalane, yo alate sifat mokhale nafsu



  Read more: http://ahmadbjblogs.blogspot.com/2012/08/alquran-online.html#ixzz2hnrb9LGI