Angen-angen ing kene, gampange tembung di arani racutane sak kabehe , koyoto: cipto, grenjet, nyut, karep, gagasan, pikiran, nafsu, pepinginan. Senajano angen-angen iku yo “Bendoro”. SARTO GEDE DOYO PANGUASANE, mungguhe lahir. Lek mungguhe illahi utowo sing haq angen-angen kuwi dadi Pesuruh utowo aluse Roso, yo dadi tunggangane manungso sejati. Angen-angen iki yo nduwe doyo, kadang yo ngawur, sak karepe dewe ndak manut manungso sejati.
Angen-angen dadi cahyane ponco indriyo. Cahyane ponco indriyo dadi siji jenenge leng-leng. Leng-lenge cahyane ponco indriyo dadine”ngen-ngen utowo angen-angen cahyane ponco indriyo dadine Sukmo”
Dadi opo bedane; ROH, SUKMO, NYOWO, ARWAH.
ROH/RUH : Urip. Urip asal soko Gust wis metu soko asale Urip jenenge Roh.
SUKMO : Cahyane Urip, Sing dadi atine ponco indriyo.
NYOWO : Si Urip
ARWAH : Urip sing wis nek papan asale.
Yo mengkono kuwi, kudune iso mbedakne siji lan sijine, ben ndak salah ngucap, salah ndongakne…Angen-angen iku yo iso dadi pesuruhe nafsu papat. Angen-angen iku kawengku karo manungso sejati lan angen-angen iku kang nguasani jasad Roh Hewani.
0 komentar:
Posting Komentar
Tolong tinggalkan pesan