Kamis, 03 November 2011

RATU ADIL PANJI KLARAS

 A.Lungguhe klaras iki podo karo sifat mokhal utowo wong, maqome nek Dodo Tengen. Kang dadi rojone yoiku “MARMOYO” SING DI PIMPIN SAK KABEHE NAFSU ….Sing nguber masalah  Duniawi, kejayaan , kemegahan,kemulyaan, dan lain-lain.

I.  Sedulur “KAKANG KAWAH” (MUTMAINAH). Lungguhe nek Balung atau sak awak kojor, Warna cahaya putih, Kewane Gajah Putih, Kiblate ono wetan, Plawangane ono IRUNG/GRONO. Sifate Demen Olah Budi Pekerti lan Sabar, jenenge nafsune Mutma`inah. Sejatining sukmo luhur sing nguripi utowo  nglakokne jenenge ROH IDOFI PUJINE …YAA HU…, Jenise angin Nufus kang dadi taline Roso lan sifat JAMAL.
II.Sedulur “BALY” (ALUAMAH). Lungguhe ono weteng utowo waduk, kewane babi, warna cahayane “ireng”, kiblate ono kidul, plawangane ono “cangkem” utowo lesan. Sifate ngongso-ngongso lan drembo, jenenge nafsune aluamah. Sejatine sukmo purbo asale soko nafas, pujine: “LAA ILLAA HA ILLALLOH” sing nglakokne utowo nyukupi Roh jasmani
III. Sedulur Tembuni – Supiyah. Keratone ono “limpo”, kewane “naga”, warna cahayane kuning, kiblate ono kulon, plawangane ono mata utowo netro, jenise nafsu Supiyah, sifate demen barang seng apik, keindahan lan milikan karo opo wae sejatine sukmo langgeng, asale soko Anfas, kang nglakokne utowo nyukupi Roh Rohmani pujine Yaa Allah.
IV. Sedulur Ari – ari (Amarah). Keratone ono peru, warna cahayane “abang” kewane “buto”, kiblate ono kidul, plawangane ono kuping utowo karno. Sifate brangasan, sakti, mandhi, jenise nafsu Amarah. Sejatine sukmo waseso, asale soko Tanafas, pujine: Yaa Allah yaa Muhammad kang nyukupi Roh Robani.
v  Keterangan:

v  NAFSU ALUAMAH: -CAHAYANE IRENG kanggo kekuatan, setan hakiki. Sopo wonge kang ngenut nafsu iki yen mati rohe dadi kewan temlosor, lan jasade dadi gendruwo.

v  NAFSU AMARAH: -CAHAYANE ABANG KANGGO: KECERDASAN, IBLIS.  Sopo wonge kang ngenut nafsu iki yen mati rohe dadi  kewan sikil papat lan jasade dadi banaspati.

v  NAFSU SUPIYAH: -CAHAYANE KUNING Kanggo mbedakne elek lan apik, Efrit.  Sopo wonge kang ngenut nafsu iki yen mati melu cahaya kuning, rohe dadi kewan iber-iberan, lan jasade dadi kemamang.

v  NAFSU MUTMA`INAH: -CAHAYANE PUTIH Kanggo: manunggale kawulo marang gusti(jin).  Sopo wonge kang ngenut nafsu iki yen mati  melu cahaya putih, rohe dadi iwak loh, lan jasade bakal dadi wedon/medon

Ø  Sedulur sing ono Kali           =KALIJOGO
Ø   Sedulur sing ono Dalan      = Kyai Sambang Dalan
Ø  Sedulur sing ono Latar        = Ki Demang Dono Arto
Ø  Sedulur sing ono Tritis        = Lintang Joko Satru
Ø  Sedulur sing ono Lawang   = Nini Sablah, Kaki Sablah
Ø  Sedulur sing ono Kuburan = Nini Diwut, Kaki Diwut
Ø  Sedulur sing ono Jogan       = Nini Maling, Kaki Maling
Ø  Sedulur sing ono Pawon     = Nini Thowok, Kaki Thowok
Ø  Sedulur sing ono Wuwung = Lintang Bimo Sakti

§  Kakang Kawah, Adi Ari-ari, Bali lan Tembuni.
§  Sedulur 4 sing ono ing kiblat = Etan – Kulon – Kidul – Lor

v  Kyai Sambang Dalan = Kanggone pas mlaku ing dalan
v  Ki Demang Dono Arto = Kanggone Urusan Bisnis utowo usaha sing hubungane karo rejeki jabatan.
v  Asu Ajeg = Kanggo Pagere Awak, Soko polahe wong sing nggunakake santet, tenung, masalah ghoib.

0 komentar:

Posting Komentar

Tolong tinggalkan pesan

  Read more: http://ahmadbjblogs.blogspot.com/2012/08/alquran-online.html#ixzz2hnrb9LGI