Senin, 21 November 2011

LAHIR LAN BATHIN


A.      LAHIR/BADAN

     Dene badan wadag iku pinongko dadi batur utowo kurungan, mayitan, gelas, mulo iku lahir/badan iku, ndak iso opo-opo “goblok”, tuli, bisu, lan dadi pesuruhe angen-angen. Dadi wis jelas banget lek badan iku pesuruh lan angen-angen dadi bendarane.
Tandane/contone yen badan iku mung bekakas.

 - Yen pas turu diwenehi duwit neng ngarepe ora biso nyawang, lambene di ajak ngomong kupinge ora krungu yo ora nyauri. Dadi kabeh mau sing nguripi/nyukupi,  tugase ponco indriyo mung angen-angen, keno di arani “ati ma`nawi”.
 Contone maneh: - Yen badan iku di oncati angen-angen bakal ndak iso opo-opo keno di arani mati. 

Tapi sak kabehe badan iku mau yo enek ayat-ayat sing ndak tertulis misale:

    Tangan: Drijine =iso nyawiji marang opo wae kanggo tandang, yo keno dadi symbol kangge persatuan lan isih akeh pengertiane driji 5.

Epek-epek             = Lek ngepek utowo nampani barang kang apik-apik wae.

Ugel-ugel                = ojo mentalan.

Lengen                     = kudu iso ngengen-ngengen apik lan olo.

Sikut                           = siku utowo hukuman.

Pundak                     = masalah ke undakan olo lan becik.

   Sikil: Dengkul = lek wes ngerti iso nukulne utowo mudeng.

Garos                   = temune roso.

Polok                    = si pol tenan.

Dlamakan            = nglamakne laku.

Kecet/tungkak  = meneng

Kuku                      =kukuh/terus iso nukulne

Sifate badan wadag iku: keset, ngleker, laniso urip krono angen-angen. Badan wadag iku kasebut manungso majazi. Yo nduwe kembaran yoiku badan alus (latif) plek, podo karo badan wadag keno di arani badan robani (roh robani). Sejatine badan wadag iku suci, sing ora suci nafsune patang prakoro, asale soko buah kuldi keno di arani”setan hakiki”.

B.      BATIN(ATI)

    Ati iku ono 7 tingkatan, siji-sijine kudu dingerteni ben ndak salang surup lek mu blajar.

1.       ATI FU`AD :
Ati suci, sing ora keno di ambah makluk, iki maqome kodrat-irodat. Sing wis jumeneng Ar Ruhul Khudus, golongane mu`min utowo amirul mukminin.

2.       ATI SIRRI  :
Ati iki dadi gudange wadine pangeran kang aran Sirulloh, iki maqome ILMU-KHAYYAT. Penggaeyane noto aqidah. Golongane manungso.
3.       ATI JANTUNG :
Ati iki gedonge ROH IDOFI, PAPAN PANGGONANE ALLAH. Nyoto rupane “SAMA”, BASHOR-KALAM, ugo dadi nggen lintasan cahaya hikmah (anwar). Ati iki sing dadi lawange LADUNI, dadi wadahe wahyu, dadi kawitane nalar, yo dadi baguse ati.
4.       ATI JINEN atau ATI KASDU atau ATI TAUFIK :
Ati kang meneng, ora owah, di arani nyawo, urip kang nguripi asal soko anashir angin(nufus), iki dadi gedonge nafsu mutma`inah, yo dadi mudune hidayah-inayah-maunah.hasil soko meditasi utowo semedi. Ati iki dadi maqome Qodiron-Muridan.

5.       ATI NURANI ATAU ATI FUSUH:
Anane padang jinglang, panarimone nalar – kang mulur dadi angen-angen ugo dadi papan kanggo njlentrehne sembarang perkoro, sidang, nyampekne amanah, ati iki maqome NGALIMAN LAN KAYYAN.

6.       ATI SANUBARI
Ati mlarat, lolo, ora iso obah yen ora ono obahing akal. Ati iki di enggo kiprah nafsu amarah, supiyah, aluamah, ati iki ugo iso ndadekne makmur tapi iso ugo wirang, lokasine nek baitul makmur kanggo nglayani sifat “SAMI`AN, BASHIRON, MUTTAKALIMAN”.

7.       ATI  MA`NAWI :
Ati kang nggenah, nyoto lan langsung paham, contone: yen obah sikile – mlaku – mlayu, yen obah lambene – ngomong – mangan.

KETERANGAN:

Jenenge urip sampurno kuwi ono 12 lan nduwe tugas dewe-dewe yoiku: SIRR – NIYAT – WUJUD – KAREP – BUDI – ANGEN-ANGEN – CIPTO – ROSO – PANGROSO – MUSEK / OBAH – MENENG – ELING. Urip 12 iki yen tugase wes rampong terus mati bali asale menyang NURULLOH. Urip 12 iku mau yen pas tugas ndek njobo nglayani nafsu, lek tugase nek njero nglayani roh.


0 komentar:

Posting Komentar

Tolong tinggalkan pesan

  Read more: http://ahmadbjblogs.blogspot.com/2012/08/alquran-online.html#ixzz2hnrb9LGI